Rabu, 08 Februari 2012

Cerita Rakyat Jawa Tengah ; Jepara

BANGSRI


    Bangsri iku jeneng sawijining papan kang ana ing Jepara, Jawa Tengah. Saka kutha Jepara kurang luwih adohe udakara 20 km. Penere papane arah ngalor ngetan saka kutha Jepara. Dene asal – usule Bangsri kaya kacarita ing ngisor iki.

    Jaman biyen udakara abad 16 agama Islam mlebu disebarke para wali cacah sanga kang kawentar aran Wali Sanga. Salah siji wali mau ana kang asma Sunan Muria. Sunan Muria kagungan murid aran Ki Gedhe Bangsri lan Ki Suronggotho.

    Sawijining dina, Ki Gede Bangsri nganakake tasyakuran madege pondhok pesantren. Tasyakuran mau dirawuhi Sunan Muria. Rawuhe Sunan Muria mau minangka pratandha manawa panjenengane nyengkuyung madege pondhok pesantren kang ateges uga nyengkuyung sumebare agama Islam ing kono.

    Rawuhe Sunan Muria mau ndadekake Ki Suronggotho uga kepengin karawuhan Sunan Muria. Kurang luwih sesasi suwene Ki Suronggotho ngenteni rawuhe Sunan Muria ing Mandhalika nanging durung ana rawuh. Ki Suronggotho serik banjur duka amarga rumangsa dibedakake dening gurune. Kanggo nglampiaske kanepsone mau Ki Suronggotho ngobrak – ngabrik pondhok pesantren Ki Gedhe Bangsri kang wektu iku ditinggal sowan marang Sunan Muria. Priksa kahanan kang kaya mangkono iku Ki Gedhe Bangsri lan putrane, Dewi Wiji nyingkir saka pondhok pesantren. Dene Ki Suronggotho gumedhe, kumalungkung amarga rumangsa bisa ngasorake Ki Gedhe Bangsri.

    Ki Suronggotho kasengsem marang kasulistyane Dewi Wiji, banjur kepengin ngarwa nanging katampik dening Dewi Wiji amarga mangerten patrape Ki Suronggotho kang wengis. Ki Suronggotho ora wigah – wigih nyingkirake sapa bae sing ngalang-alangi kekarepane. Ki Suronggotho tegel mateni bakul kembang, bakul wedel, Kyai Jenggot lan Kyai Banjar. Amarga wengise Ki Suronggotho mau, Ki Suronggotho disupatani Sunan Muria dadi kepithing Gotho. Ki Suronggotho ora trima banjur supata arep gawe ontran – ontran ing bumi Bangsri.

    Sunan Muria ngendika manawa sing bisa ngalahke Kepiting Gotho ora liya Dewi Wiji. Dewi Wiji banjur nglilakake awake malaih rupa dadi ula lampe supayabisa ngalahake Kepiithing Gotho kang ana ing segara.

    Priksa kadadean mau Sunan Muria kamitenggengen. Panjenengan banjur ngendika manawa Suronggotho wis bisa ditemokake Dewi Wiji ing alame. Panjenengane uga pesen kanggo ngeling – eling prastawa kang wis kelakon iku manawa ana rejaning jaman papan matine wong dodol kembang dijenengke “Kembangan”, papan sedane wong dodol wedel dijenengake “Wedelan”, papan sedane Kyai Jenggot dijenengake “Jenggotan”, papan sedane Kyai Banjar dijenengake “Banjran”, dene papan Kyai Bangsri dijenengke “BANGSRI”.

Geografi

Tata Surya (Matahari)

Selasa, 07 Februari 2012

Aku ingin menjadi orang cerdas. Aku mencari ilmu di dunia ini untuk masa depan. Guruku adalah bapak atau ibuku. Sahabat adalah pendorong semangat belajarku. Teman adalah motivasiku. Musuh adalah lawan terberatku dan batu nisan adalah ijazahku.